السلام عليكم والرحمة
الحمد لله
والصلاة والسلام على رسول الله
وعلى اله وصحبه ومن واله
اما بعد
Khadrotil muhtaromat, ibu-ibu anggota jam’iyyah yasinan lan tahlil ingkang dipun mulya’aken deneng Allah SWT.
Ambal kaping sepisan monggo sareng-sareng kito ngelahiraken raos syukur kito dumateng Allah SWT ingkang sampun kerso paring dumateng kito pinten-pinten kanikmatan,ingkang mboten kawilang kathah ipun, langkung-langkung ni’matul iman wal islam wasihhatul badan sehinggo kito saget makempal wonten puniko majlis ingkang Mubaarok insyaAllah… amin
Kaping kalih ipun Sholawat saha salam mugi tetep kahaturaken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang minongko dados pepadang ipun dunyo, sehinggo kita saget selamet wonten ing ndunyo puniko ngantos benjang dumugi ing akhirot, Amin Allohumma Amin…
Ibu-ibu ingkang minulyo, wondene runtut ipun acara wonten ndalu puniko nuwun inggih:
1. Iftitah bil Fatihah dening panjenenganipun ibu ......................
2. Waosan Surah Yasin ingkang bade dipun pimpim panjenenganipun ibu..........
3. Waosan dzikir Tahlil ingkang bade dipun pimpin panjenenganipun ibu..........
4. Do’a ................
Mekaten runtut ipun adicoro wonten ndalu puniko, dumateng sedoyo ingkang sampun kasebat kawulo sumangga’aken kanthi runtut ipun.
Saking kawulo menawi wonten lepat ipun pangucap, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami, akhirul kalam
والله الموافق الى اقوام الطريق
والسلام عليكم والرحمة